Home » » Contoh Tembung Entar dan Artinya Lengkap

Contoh Tembung Entar dan Artinya Lengkap

Posted by Contoh Usaha Kecil Kecilan Dirumah on Tuesday, September 3, 2019

tembung entar dan artinya lengkap
Sering kali kita menyampaikan hal hal tersirat dengan bahasa kiasan baik secara langsung dalam percakapan, tulisan biasa maupun dalam karya sastra. Di Kawruh bahasa jawa, kiasan juga dikenal sebagai tembung entar. Tembung entar adalah dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan bermakna kiasan atau tidak sebenarnya. Secara tidak sadar kita mungkin terbiasa menggunakannya, namun secara ilmu kita tidak tahu apakah itu tembung entar apa bukan, bahkan tidak tahu sama sekali.Tentu menjadi hal yang memprihatikan sebagai orang jawa namun tidak paham masalah tetembungan seperti tembung entar dan artinya.

Di Bahasa Indonesia, Kata Kiasan juga bermakna bukan kata sebenarnya. Kata kiasan digunakan untuk memberikan makna lebih, keindahan dan penekanan pada hal hal yang disampaikan lewat kata kiasan tgersebut. Kata kiasan dalam bahasa Indonesia dapat ditemukan dengan mudah dalam nyanyian-nyanyian, puisi-puisi, dan karya sastra serta nyinyiran netizen. Tidak perbedaan berarti baik dalam bahasa Indonesia, maupun tembung entar dalam bahasa Jawa. Namun jika dilihat dari segi pembeda tentu kata kiasan bahasa Indonesia lebih luwes, dibanding bahasa jawa yang umunya terdiri dari dua kata.

Jika mungkin ingin mengenal lebih jauh bahasa kiasan dalam bahasa Indonesia mungkin kalian perlu memahami majas. Ada beberapa majas seperti metafora, simili, personifikasi, sinedoke, metonimi, simbol, hiperbola, ironi. Kalau kiasan jawa, cukup melihat contoh tembung entar yang biasa digunakan dalam kehidupan sehari hari masyarakat jawa seperti daftar berikut.

Contoh Tembung Entar dan Artinya

Ada banyak sekali contoh tembung entar dan artinya atau tegese dalam bahasa jawa yang bisa kita gunakan dalam percakapan sehari hari, karya sastra atau hanya sekedar untuk menuntaskan tugas sekolah. Silakan bisa membca daftar dibawah.

A
abang kupinge : nesu banget
(ng)abangke kuping : gawe nesu
abang abang lambe : ora temenan, mung lelamisan
abang raine : nandhang isin (wirang)
adol ayu : ngendelake ayune
adol bagus : ngendelake baguse
adol gawe : ngatonake penggaweyane
adol kringet : nyambut gawe
adol kwanen : ngendelake kwanene
adol krungon : golek golek warta/kabar
adol sendhe : adol barang menyang gadhen
adol umbag/umuk : akeh omonge, ning ora ana nyatane
adus getih : tatune nemen banget
adus kringet : nyambut gawe, abot banget
adus luh : nemen anggone nangis
akeh sandhungane : akeh alangane
ala jenenge : kurang dipercaya
ala kandhutane : ala watake
ala tembunge : tembunge kasar/saru
alus tembunge : kepenak dirungokake
amba jangkahe : bisa ikhtiyar mrana-mrana
apus krama : dibujuki/diapusi cara alus
asor budine : bebudene ala
asor yudane : kalah
ati dhondhong : atine ala
atine ana wulune : atine ala/dengki

B
(m)balang liring : nglirik mripat
bau suku : abdi/batur
bau tengen : wong kang dipercaya
bening atine : sumeh
(m)buang sangkal : ngilangi/mbuang apes
(m)bukak wadi : ngandhakake wewadine
(m)buang tilas : nutupi tumindake sing ala

C
cagak lek : camilan supaya betah melek
cagak urip : kanggo nyukupi kebutuhan uripe
cancut taliwanda : tandang gawe
cangkem gatel : seneng ngrasani/nggunem
cedhak umure : gelis mati
cepak jodhone : gelis oleh jodho
cepak rejekine : gampang oleh rejeki
cilik atine : kuwatir/wedi
cupet atine : gampang nesu
cupet budine : ora bisa nggayuh kautaman
cupet jangkahe : ora bisa golek sarana
cupet nalare : ora bisa mikirake werna-werna
cupet pangandele : ora percaya

D
dadi gawe : ngrepotake
dawa-dawa uja : perkara kang ora uwis uwis
dawa tangane : seneng nyolong jupuk
(n)dhedher kautaman : nandur kebecikan
dhuwur atine : gumedhe
dhuwur pangkate : dadi wong pangkat/panguwasane

E
empuk rembuge : guneme enak dirungokake
entek atine : keweden/kuwatir banget
entheng sanggane : ora rekasa
entheng tangane : seneng tandang gawe

G
(ng)gadho ati : gawe susah ati
gantung kepuh : sandhangane ora tau ganti
(ng)gantung untu : selak kepingin mangan
gedhe atinee : tatag; ora kuwatir
gedhe endase : sombong (kemlungkung)
gedhe omonge : umuk ora ana nyatane
gedhee tekade : ora gampang pasrah
(ng)gedhekake puluk : ora ana prihatine
(ng)gegem tangan : kesed nyambut gawe
gilig rembuge : rembugane pasti/mesti
gilig tekade : tekade ora bakal mundur
(ng)gilud kawruh : golek ilmu kanthi mempeng
golek slamet : ati-ati supaya, ora cilaka
golek urip : nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I
idu geni : omongan tansah kelakon
ilat mati : ora bisa ngrasakake
ilang klilipe : ilang mungsuhe

J
jakalara : rikala nom-e rekasa
jembar dhadhane : sugih pangapura; sabar banget
jembar kawruhe : akeh ngilmune
jembar kubure : mlebu swarga
jembar polatane : sumringah
jembar segarane : sugih pangapura; sabar
jero kawruhe : akeh ngilmune; pinter

K
kadalu warsa : kasep; wis kliwat
kandel kulite : digdaya; sekti
kandel kupinge : ora nggugu pitutur
kaku atine : tansah ora sarujuk/sulaya
kasar tembunge : tembung saru
katon dhadhane : wani adu arep
kegugah atine : sadar/eling
kelepetan ala : katut ala
kembang lambe : tansah digunem kebecikane
kakehan tangan : kakehan sing nyandhak
kembang urip : lelakone wong urip werna-werna
kena tinenga-tenga : kena disambati
kenceng karepe : kekarepane kudu keturutan
kenceng tekade : tekade ora bakal mundur
kulak warta : golek kabar/warta
kuwat drajat : cocok dadi pemimpin/panguwasa
kuwat isin : mblebes ora isinan
kuwat mangan : mangane akeh

L
lambe tipis : criwis/akeh omonge
landhep dhengkul : kethul banget
landhep pikirane : pinter banget; gampang ngerti
lara ati : serik atine
lara ayu : lara cacar
lara owah : edan; gendheng
larang pangan : paceklik
lobok atine : sabar
luhur budine : kelakuane becik/apik
luhur drajate : dadi wong pangkat/panguwasa
lurus lakune : jujur
lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
lunyu ilate : guneme mencla-mencle

M
manis eseme : esem ngresepakake ati
manis rembuge : guneme nyenengake ati
mara tangan : seneng gawe lara/milara
masa bodhoa : pasrah
mata dhuwitan : srakah marang dhuwit
mata loro : mangro tingal
mateni pangane : gawe ilang panguripane
mateng kawruhe : mumpuni; kawruhe wis tutug
mateng rembuge : guneme wis disarujuki
mati sandhang pangane : ilang dalane golek panguripane
mati raga : prihatin; tapa, tirakat
medhot dalan : ora diterusake
metani lupute : nggoleki salahe
meres kringet : nyambut gawe mempeng
meres pikir : temenan anggone mikirake
mogel ilate : mangan sing sarwa enak
mogol sinaune : ora tutug sekolahe
murang tata : kurang ajar, ora duwe duga

N
nandhang sungkawa : lagi susah
nandur kebecikan : gawe kebecikan
ngadu wuleding kulit : adu kekuwatan
ngangsu kawruh : golek ngelmu/meguru/sekolah
ngatonake siyunge : nuduhake kekuwatane/ kuwanene
ngatonake dhadhane : umuk, sumbar
ngekep dhengkul : nganggur ora nyambut gawe
ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
ngepuh kringet : nyambut gawe mempeng
ngemut driji : ora oleh apa-apa
nyolok mata : ketara banget

O
oleh ati : disenengi
oleh gawe : kaleksanan
oleh wirang : kisinan
oleh lara : kalaran
ora duwe ati : kuwatir banget, weedi
ora melek : ora ngerti
ora ngundhuh : ora oleh apa-apa

P
padhang dalan : mlebu swarga
padhang hawa : lair ing donya
padhang langite : seneng
padhang pikire : lega seneng
padhang ulate : sumeh
pait getire urip : warna-warna lelakone wong urip
pait lelakone : urip rekasa
panas atine : nesu banget
pecah pamore : wis ngancik diwasa
pecah pikir : wiwit bisa golek srana
pedhes rembuge : guneme gawe serik
perih atine : susah banget
peteng atine/pikire : susah
pingget atine : serik
pulih getihe : pak-puk, ora kalah ora menang
puput yuswa : mati, seda

R
rai gedheg : ora duwe isin
(ng)rengga praja : njaga negara
(ng)rengga salira : dandan/macak
runtuh atine : tuwuh welase
rupak atine : cugetan/ora gampang ngapura
rupak jagade : judheg; ora bisa mrana-mrana

S
sabuk gelang : sawahe akeh banget
sepi kawruh : bodho/ora duwe ilmu
sepi pamrih : ora duwe pamrih
seret rejekine : ora gampang golek rejeki
sesak dhadhane : mangkel/anyel
sumpeg atine : susah/sedih

T
tadhah kalamangsa : dipangan
tadhah udan : lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
tatu atine : serik banget
tanpa tilas : entek blas
tipis lambene : criwis, seneng nggunem wong liya
thukul pikire : nduwe akal
thukul turune : nduwe anak

U
udan tangis : akeh sing padha nangisi
ulat peteng : katon nesu
ulat manis : sumeh
utang lara : tau nggawe laran wong liya
utang nyawa : tau nggawe patine wong liya
utang pati : tau nggawe patine wong liya
utang wirang : tau nggawe wirange wong liya

W
walang ati : sumelang/kuwatir
wani mati : nekad/kendel banget
wani silit wedi rai : ora wani terang-terangan
weteng kadit : dremba/ora tampikan
weteeng karet : panganane akeh
wedi getih : jirih/ora wani
wedi kangelan : lumuh/kesed

Itulah contoh tembung entar dalam bahasa jawa yang bisa digunakan dalam kehidupan sehari hari. Jika bingung, kalian bisa melihat contoh kalimat tembung entar.

Contoh Kalimat tembung entar

  1. Pahlawan kemerdekaan kuwi wani mati demi Indonesia
  2. Kathah sing layat marang Gus dur, kaya udan tangis
  3. Sing sering ninggalke sholat subuh bakal seret rejekine
  4. Perih atine wong sing kelingan mantan
  5. Rino wengi atiku nandhang kangen marang sliramu
  6. Wong tua kanti adus keringet kanggo anak anake
  7. Aja cilik atine nek urung sukses
  8. Aja dadi gawe marang wong tua, kudu mandiri
  9. Aku sesek dadane weruh pacar digandeng wong liyo
  10. Sapa sing nandur kebecikan bakalan panen
Dari contoh kata dan tembung entar mungkin kita sadar betapa kita abai dalam ilmu pengetahuan tentang bajasa jawa. Walau kita sering menggunakankan, namun istilah tembung entar sudah awam ditelinga generasi kita sekarang. Jadi tidak salah kalau Dinas pendidikan masih memberikan pelajaran bahasa jawa untuk tingakt SD, SMA dan SMK/SMA.

Thanks for reading & sharing Contoh Usaha Kecil Kecilan Dirumah

Previous
« Prev Post
window.location.toString();if (uri.indexOf("?m=1","?m=1") > 0) {var clean_uri = uri.substring(0, uri.indexOf("?m=1"));window.history.replaceState({}, document.title, clean_uri);}